Kamis, 03 Desember 2020

PIWULANG 01

Enek Wong muni Jare Adat Jowo kui Syirik Gag enek tuntunane Soko Kanjeng Nabi..

Wong Jowo kui Okeh Pilosopi ne Ndokk..Leee

Mangan Kacang kui Di oncek'i..Ojo di pangan Sak kulit2 eee

Janur kui Tegese Janmo sing Bersinar..dadio Wong sing duwe Cahyo sing padang..ojo peteng ati mu

Kambil / Cengkir rupane Kuning..
Teges Ngencengno Pikir..dadio Wong sing duwe prinsip..pikiran sing mantep kangge samubarang sing becik

Tebu kui teges e Mantep ing kalbu..di jipok soko Rasa ne Legi...kui dongo mugo2 di doh ne soko barang2 sing pait / sing rubedo..Cinaket marang barang2 sing manis / legi / apik

Gedang rojo..di simbol ne Kngge tuladane wong urip..kui enek 3 perkoro lahir , Nikah , mati..mergo gedang kui mung biso uwoh sepisan sak lawase..

#Wong Jowo kui Obah sak Obah enek simbol e...tegese minongko Dongo..Ora mung Wong mantu..Gae omah yo enek simbul e 

Sampek teko Jeneng anak di arani " ASMO KINARYO JOPO "..mergo kabeh sak obah e lahir utowo batin ne wong Jowo kui dongo..

Mulo Ojo pisan2 Nyirik Nyirik ne adat Jowo..Ngaji mu Batin urung Teko..

#WongJowo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

"SURODIRO JOYONINGRAT, LEBUR DENING PANGASTUTI"

Kata-kata "SURO DIRO JOYONINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI" itu bersal dari tembang kinanthi ronggo warsito: Jagra angkara winangun ...